MATERI LITERASI BASA JAWA 3

TEMA : BELAJAR GAWE TEKS NARASI JAWA KEPAHLAWANAN
Pengantar
Teks narasi basa Jawa yaiku jinising wacan utawa karangan kang nyritakake sawijining kedadean, prastawa, utawa pengalaman urip kanthi urutan wektu (kronologis) sing jelas, wiwit saka purwaka nganti pungkasan
STRUKTUR TEKS NARASI :
- Orientasi (Pambuka): Perangan sing nepungake paraga, latar panggonan, lan wektu.
- Komplikasi (Pasulayan/Konflik): Dumadine masalah utawa kedadean sing saya marai crita dadi seru.
- Resolusi (Pangudhare Masalah/Prakara) : Kepiye carane ngrampungake utawa mungkasi masalah kasebut.
- Dudutan / Reorientasi : Perangan teks kang isine dudutan / Kesimpulan, Piwulang utawa amanat sing bisa dijupuk saka crita
Gatekno Panyuwun sing kudu diLakoni ngisor iki :
1. Coba gaweo teks narasi Tema Kepahlawanan
2. Sopo Pahlawan Idolamu sing iso mbok gawe crita, kayata : Soekarno, Hatta, Ki Hajar Dewantara, Pangeran Diponegoro, Jendral Sudirman, Imam Bonjol, RA kartini, KH Hasyim Asy’ari, Gus Dur Lsp. (pilihe sing sreg)
3. Garapan kudu cocok lan urut karo struktur ing dhuwur
4. Garapan paling sitik sak halaman kebek isi 4 pada (bait).
5. garap ing buku literasi dhewe-dhewe

Leave a Comment